Tema : Budi Pekerti
Paraga :
a. Bu Wawa : Nur Azizah
b. Nini : Alda Sabilatul K.A
c. Nanang : M. Khoirul Umam
d. Purwo : Aditya Ilham Prastika
e. Mbah Teguh : Adam Rahardi
BABAK I
Nini, Nanang, lan Purwo punika
siswa – siswi ingkang sekolah ing SMP N 1 Sukamundur. Ing sawijining dina,
nalika pelajaran Bahasa Jawa, Bu Wawa, inggih punika Guru Bahasa Jawa ing
sekolah punika, nerangake Bab tentang Budi Pekerti.
Bu
Wawa : “Sugeng Enjang, murid – murid?”
Murid–murid : “Sugeng Enjang Bu…..”
Bu
Wawa : “Kepriye kabare dina iki?”
Murid-murid : “Sae Bu…”
Bu
Wawa : “Alhamdu..???”
Murid-murid : “Lillah…”
Bu
Wawa : “Sek gak mlebu dina iki sopo?”
Murid-murid : “Paijo Bu…”
Bu
Wawa : “Loh loh.. Minggu wingi Paijo yo
ora mlebu. Lha dina iki kok gak mlebu maneh lapo toh
cah?”
Nini : “Ngiwangi macul bapake ing
sawah paling Bu…”
Nanang : “Heh, ngawur bae sampean iku! Nak
ngomong mbok yo dijogo, ngomong mbi guru kok
gak ana sopan santune
blas!”
Nini : “Yo iyo … Nganti wes apal aku.
Saben dina kok ngomong ngunu terus”
Purwo : “Wes meneng! Niku Bu,, mripate
Paijo sakit”
Nini : “Waah… Paling senengane
ngincengi wong iku… Hahaha”
Nanang : “Heh.. sampean iku iso meneng opo ora
leh? Jojohi sepatu malah!”
Nini : “Gage leh.. Nyoh nyoh nak ameh
mbok jojohi!!”
Purwo : “Wes Wes.. ribut bae sampean –
sampean kuwi!”
Bu
Wawa : “Sampun – sampun… Nini, ga
entuk ngomong ngunu. Paijo kan kancamu dhewe toh?
Yen mengkono, enggal
ditiliki bareng bareng nggih?
Murid-murid : “Enggih Bu….”
Bu
Wawa : “Nggih sampun. Saiki coba buka
kaca 298 buku paket, Bab Budi Pekerti”
Nini : “Eh iyo… aku lali ga nggowo
buku paket”
Nanang : “Halah… sampean iku yo oga lali. Tapi
wes langganan! Aja silehi ben ngowoh lah”
Nini : “Ora mbok silehi dak wes. Opo
iyo tak pikir? Pelit sampean iku! Muleh sekolah tak kon
digondol langit!”
Purwo : “Wes wes… Mrene Ni, ambi aku wae”
Nini : “Ngunuku koyok Purwo, wes
nggantheng.. apikan nyisan”
Murid-murid : “Ciyeeeeeee”
Bu
Wawa : “Sampun- sampun .. kok malah
ora sido pelajaran iki mengko. Waktune namung 5 menit
kok.e malah mbuk nggo
rebut dhewe. Bab ingkang kita pelajari dina iki yakuwi Bab
Budi Pekerti. Apa kuwi
Budi Pekerti?”
Nini : “Budi sing pekerti Bu…”
Nanang : “Ngawur huuuu”
Bu
Wawa : “Sampun – sampun… Budi Pekerti
yakuwi berarti moral lan kelakuan utawi tingkah laku
ingkang bagus nalika
urip ing alam donya iki. Tuladhane, kayata bocah kang kudu
nduweni sopan santun
lan tata krama kang bagus marang sapa bae. Ingkang utama
yakuwi marang bapak
lan ibu, marang bapak ibu guru, lan marang sapa wae kang luwih
sepuh. Kita wajib
hormat lan ngajeni meskipun marang wong kang durung dikenali.
Paham murid – murid?”
Murid-murid : “Enggih bu…”
Nanang : “Nyoh… rungokke Ni… apa ingkang
dipundhawuhi Bu Wawa”
Nini : “Masamu aku gak nduwe kuping
piye?”
Bu
Wawa : “Enggih sampun… yen ngunu
cekap semanten kalawau pelajaran ingkang kita bahas ing
dina iki. Coba kanggo
PR garapen kaca 313, Sugeng Enjang…”
Murid-murid : “Sugeng Enjang bu…”
BABAK
II
Ora krasa, wektu wes nuduhake jam
12.30, kaya biasa Nini, Nanang, lan Purwo muleh sekolah bareng – bareng.
Amarga, omahe cedhakan. Nalika ing dalan, Nini, Nanang, lan Purwo ketemu simbah
ingkang nembe nyeberang. Simbah ingkang nembe nyeberang kuwi katon sepuh lan
lemes banget.
Purwo : “Eh eh .. coba delengen kae. Ana
mbah mbah ing pinggir dalan. Parani yok?”
Nini : “Heh…! Aja… sampean nak
diculik”
Nanang : “Diculik sek tak kekno ndisik ya
sampean Ni”
Purwo : “Wes wes… lawong kayake arep
nyeberang kok. Ayo parani”
(Nini,
Nanang, lan Purwo marani simbah mau)
Nini : “Heh mbah tuwo. Kowe lagi lapo
iku?”
Purwo : “Husss… omonganmu kuwi lho dijaga.
Mau kan lagi bae didhawuhi Bu Wawa, mosok
wes lali?”
Nanang : “Ora nduwe kuping paling”
Purwo : “Mbah, panjenengan nembe nopo?”
Nini : “Lagi ngadek ngunu kok.e mbuk takoki leh?”
Nini : “Lagi ngadek ngunu kok.e mbuk takoki leh?”
Mbah
Teguh : “Arep nyeberang le… arep nggolek
maem. Sampun seminggu aku durung maem le…”
Purwo : “Asmane panjenengan sinten mbah?”
Mbah
Teguh : “Teguh le…”
Nini : “Wonge kok ora sebagus
jenenge?”
Nanang : “Huss… Wah saake bener mbah iki Pur…
ayo urunan Pur”
Nini : “Emoh aku.. ora ana gara – gara
atek nguruni wong ora jelas iki. Emange iku mbahem
piye kok mbok openi?
Kenal ae ora kok.e … Moh urunan aku. Paling ndara mbodoni
leh, seminggu ora
mangan kok ijeh urip”
Mbah
Teguh : “Heh nduk.. kowe iku anak.e sapa?
Ngomong kok ora iso dijogo. Kualat kowe nduk”
Nini : “Kualat elah. Aku ora wedi.
Minggir minggir mbah tuwo”
(Nini
lunga ninggalke Nanang, Simbah, lan Mbah Teguh tanpa sopan santun)
Purwo : “Mbah kula nyuwun pangapunten nggih
mbah kaliyan sifate Nini kalawau. Niki kula
kagungan arta sekedik
kangge tumbas maem mbah”
Mbah
Teguh : “Matursuwun nggih dik. Tulung
kandhani kancamu mau nggih? Dadi bocah mbok yo sek
nduwe sopan santun”
Nanang : “Yen ngoten kula pamit nggih mbah,
sampun sonten. Assalamu’alaikum”
Mbah
Teguh : “Wa’alaikumsallam”
(Nanang
lan Purwo banjur bali)
Nalika Nanang lan Purwo perjalanan
bali, ujug-ujug krungu suara ingkang banter banget. Nanang lan Purwo banjur
nggoleki asal suara kuwi mau. Jebul, kuwi suara motor ketibo. Banjur, Nanang
lan Purwo mara ing lokasi kecelakaan kuwi. Nanang lan Purwo kaget, jebulane
Nini dadi salah siji korban ing kecelakaan kuwi. Nini keserempet motor kuwi lan
tibo ing njero got. Dheweke rusoh kabeh lan sikile getehen.
Purwo : “Ya Allah Nini…. Ayo padha ing
puskesmas saiki”
Nanang : “Iyo.. ayo Ni… tak gendhong aku lan
Purwo”
Nini : “Huhuhuhuhuhuhuhu….”
(Nini
nangis amarga sikile lara. Banjur, Nanang lan Purwo enggal nggawa Nini mara
puskesmas. )
BABAK
III
Wus 5 dina Nini ora mlebu sekolah
amarga sikile iseh lara. Banjur, kanca- kanca sakelase lan padha niliki ing
omahe. Bu Wawa lan Mbah Teguh uga melu niliki. Amarga, Bu Wawa ngerti yen Nini
kecelakaan amarga kualat kaliyan mbah Teguh.
Murid-Murid : “Assalamu’alaikum”
Nini : “Wa’alaikum sallam. Eh kanca –
kanca lan Bu Wawa… ayo mlebu”
Bu
Wawa : “Piye kahananmu Ni?”
Nini : “Alhamdulillah sampun mendingan
Bu”
Bu
Wawa : “Ni… saka peristiwa iki,
awakmu kudu isa ngrubah sikapmu. Ngerti toh apa sek tak
karepake?”
Nini : “Enggih Bu…”
Bu
Wawa : “Nah, mumpung ing kene ana
Mbah Teguh. Enggala nyuwun pangapura marang Mbah
Teguh. Supaya, awakmu
cepet mari.”
Nini : “Enggih Bu… Mbah Teguh, kula
nyuwun pangapunten nggih…. Amargi kula sampun
kurang ajar kaliyan
panjenengan. Kula janji mboten mbaleni sikap kula malih”
Mbah
Teguh : “Iyo nduk… mbah nggih nyuwun
pangapunten. Amarga mbah wus nyumpahke awakmu.
Nanging, aja dibaleni
maneh nggih… dadi bocah kuwi kudu sek sopan. Aja semena –
mena, apa meneh karo
wong kang luwih sepuh. Aja mbaleni maneh nggih?”
Nini : “Enggih Mbah…”
Nanang : “Wah Nini cepet banget warase yo?
Hehe…”
Purwo : “Husss.. kancane dadi apik ga
Alhamdulillah kok.e malah ngomong ngunu piye toh
sampean kuwi?”
Bu
Wawa : “Nah… bocah – bocah saka
peristiwa iki, akeh pelajaran kang isa mbuk jipuk toh? Bilih
budi pekerti, sopan
santun, lan tata krama kuwi penting banget. Mula iku, dadea bocah
kang nduweni Budi
pekerti kang luhur. Paham?”
Murid-murid : “Paham Bu…”
Akhire, Nini sadar bilih dheweke selama iki kuwi salah lan dheweke
janji bakal ngrubah sikape supaya dadi bocah ingkang nduweni tata krama lan
sopan santun ingkang luhur.
Nah, saking cerita ing dhuwur,
kita sebagai murid – murid kudu nduweni budi pekerti kang luhur marang sapa
bae, kang utama yakuwi marang wong kang luwih sepuh.
JMATUR
NUWUNJ
*itu tadi drama bahasa jawa buatan saya :D minta koment.nya iya?
maaph kalo jeleg :p
Tidak ada komentar:
Posting Komentar