Assalamu'alaikum Wr. Wb.
Dhumateng Bapak lan Ibu Guru ingkang kula hormati, saha kanca - kanca ingkang tansah kula tresnani.
Sepindah, sumangga kita sami angaturaken puji syukur alhamdulillah dhateng Allah SWT, ingkang tansah maringi rahmat, hidayah, sarta inayahipun, saengga kita sedaya saged kempal ing dinten punika kanthi sehat wal'afiat.
Kaping pindo, sholawat sarta salam mugi tansah kita haturaken marang junjungan kita , Nabi Muhammad SAW, ingkang tansah kita tengga - tengga syafa'atipun ing yaumil akhir.
Wonten mriki, kula badhe pidhato kanthi tema Dinten Kamardhikan Indonesia.
Kanca - kanca, saha bapak lan ibu guru ingkang kula hormati. Mboten krasa, negeri kita, Indonesia, yuswanipun sampun sepuh, inggih punika 68 tahun.
Sampun dangu Indonesia punika merdeka. yakuwi kawit tahun 1945 ngantos saiki. sanadyan Indonesia kuwi nyandang status negara ingkang merdeka, nanging kenyataanipun, negeri kita punika kayata lagi dipunjajah. sanadyan kanthi cara mboten langsung.
Buktinipun, kathah tiyang ingkang sampun keicalan rasa jiwa nasionalismenipun.
Tuladhanipun, pemuda - pemudi ing jaman saiki kathah ingkang mboten mangerteni adat sarta kabudhayan daerah saking Indonesia.
Kayata, tari - tarian lan lagu daerah. nanging, yen wis ngomongke budhaya luar negeri, tanpa dipunprintah mesthi wus padha mangerteni. Iku tandhane wus ora peduli marang kabudhayan Indonesia maneh.
Pramila, kanggo ngadhepi masalah kaya mau kuwi, dipunlaksanaake pinten - pinten cara. Kayata, melu mengeti dinten kamardhikan, kaya upacara pitulasan, melu kegiatan lomba - lomba pitulasan, meli nyemaraake karnaval pitulasan, lsp.
Kabeh kuwi mau ana kekarepane. Yakuwi, supaya rasa jiwa nasionalisme lan karakter bangsa tetep tinandur ing jiwa kita nalika taksih alit. Supados, kita saged nerusake jasa para pahlawan ingkang sampun berjuang lan saged mbangun Indonesia supados dumasi nagari ingkang maju lan makmur.
Saha, kita kedah ngelestariake budhaya - budhaya ing Indonesia. Supados, budhaya asli Indonesia mboten dipunakui dening negara liyo.
Cekap semanten atur saking kula, mbokbilih wonten kalepatan, kula nyuwun agunging pangapunten.
Nuwun.....
Wassalamu'alaikum Wr. Wb.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar